Aksara Pallawa

Aksara Pallawa (aksara Carakan: ꦥꦭ꧀ꦭꦮ) utawa kadhangkala ditulis minangka Pallava iku aksara kang asalé saka India pérangan kidul. Aksara iki wigati tumrap sajarah di Indonésia amarga minangka aksara babon kang nurunaké aksara-aksara Nusantara.

Ing tlatah Nusantara bukti paling wiwitan yaiku Prasasti Mulawarman ing Kutai, Kalimantan Wétan kang asal saka abad angka 5 Masèhi. Bukti tulisan paling wiwitan kang ana ing Jawa Kulon lan sisan pulo Jawa, yaiku Prasasti Tarumanagara kang asal saka tengahan abad angka 5, uga tinulis nganggo aksara Pallawa.

Jeneng aksara iki asal saka Dinasti Pallava kang naté kuwasa ing kidul India antara abad angka 4 nganti abad angka 9 Masèhi. Dinasti Pallava yaiku dinasti kang nganut aliran Jainisme.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne